Rabu, 30 Mei 2012

RANTAMANING UPACARA

Nyuwun kawigatosan, sedaya pendherek upacara enggal siyaga wonten papan ingkang kasedyakaken.
Upacara dinten Setu, Surya kaping 26 Mei warsa 2012, kawiwitan :

1.  Pangarsaning bergada,  nyiagakaken barisanipun piyambak-piyambak.
2.  Pangarsaning Upacara tumuju wonten plataran, lajeng mundhut kendhalining barisan.
3. Sesepuhing upacara tumuju wonten papan ingkang sampun kasamaptakaken.
4. Pakurmatan katur dhumateng sesepuhing upacara.
5. Palapuran pangarsaning upacara.
6 . Pamaosing " Panca Prasetya KORPRI" katirokaken sedaya pandherek upacara.
7.  Pamedharsabda saking sesepuhing upacara, barisan dipun sumenekaken.
8.  Pamaosing Pandonga.
9.  Palapuran Pangarsaning upacara
10.Pakurmatan dhumateng sesepuhing upacara.
11. Sesepuhing upacara, jengkar saking madyaning sasana upacara.
12. Upacara paripurna, barisan kabibaraken


disusun oleh : peserta diklat peningkatan mutu guru mapel bhs jawa angkt.2/2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar